Caleg Durmogati

Umyeg bab Pemilu Legislatif (pileg) 2009 ing nagri Susuh angin, tumeka tataran wektu iki pancen isih dadi kembang lambe. Luwih-luwih ing giaran tipi lan radio, kepara malah njuwarehi, esuk, awan, sore bengi ora ana pedhote para cangkem-cangkem ngompleh ngonceki bab pemilu legislatif. Semono uga ing pasrawungan lan patembayatan, akeh kang keplok -keplok melu alok adol tombok gawe ulasan pulas-pulas memba wong winasis ing babagan politik. 
Kocapa kacarita padha crita seje papane, para caleg kang wurung akeh sing keduwung, limbung lan bingung, ilang nalar weninge matemah ana sing sangklir pikire lan dadi kenthir uteke, ana uga sing tega nglalu munthes lelakon urip.

Miturut panemuku, pemliu legislatif 2009 ing nagri Susuh angin iki pancen ngeda-edabi. Wragat kanggo "nuku" demokrasi iki ora baen-baen, nganti trilyunan, emane hasile ora setimbang kaliyan beya lan wragat kang akeh mau. Tatacara kanggo ninting lan nanting wakil rakyat sing digawe KPU durung jumbuh kaliyan gegayuhan utawa pepinginan kanggo nukulake anggota dewan sing peng-pengan lan sinengguh ampuh.

Geneya kasunyatane para caleg kang kepilih mau isih akeh sing kedunungan sipat denawa, adoh saka sipat sinatriya. Paling banter memper satriya kurawa, watake wira-wiri ora wirang tan gugup sinengguh ing gludhug. Kurang luwih watak wantune para anggota dewan kira-kira kaya sipate Raden Durmogati kang mangkene = kurawa brandhal cedhal, kementhus clingus, cablaka, cebol, perot, peot, pincang, peyang, penjol, mlincur wani ngawur, rumangsa bisa, ora bisa rumangsa, wani salah wegah seleh, mlubut kendel luput, ming kadangkala tanggungjawab nek cetha sembulehe utawa gedhe dhuwite, nyolongan, ngapusi lan sok dhemenan, boros, ngowos, ndobos tanpa wos, uripe tansah asuka-suka parikena, dhahar kembul bujana andrawina karemane iwak sona. mburu wareg mentah mateng mlebu weteng ora eling barang peteng utawa hasile ngglibeng. Kanggo nggayuh kekarepane ora wigih ancik-ancik ndhase kanca, guyune lakak-lakak nyangkal tenggak, kekarepane angel dipenggak...
KJG
Share this article :