Hong Wilaheng......


Hong wilaheng...
 
Binarung pletheking Sang Hyang Pratangga Pati,
sinawung maruta sumaruna kang tumiyup ririh tanpa
pepoyan nggondhol rujiting nala kapang-kapang
saparan-paran mangambar kongas. Mugiya kekidungan
pamuji winantu rahayu tansah konjuk mring pra kadang
sami, miwah j@wa ingkang meh ngancik dasa warsi,
katidha kalingga murda sumrambah sumarah mring pepujan
jati, agesang sejati Hyang Widi Mha Suci.
Sirep reseping sepi ing j@wa mriki, swawi
sinesep-sesep sisaning kandha lan sabda, saha den
rerepa gendhing eling-eling lelangen guyon gumyak
asuka suka kapiarsa linangkung kadya japa mantra wirid
donga, tebih saking raos kacuwan hanamung
pangigit-igit prentuling nala rena, sundhul sawab
berkah suwuk kanugrahan, wimbuh pangangen-angen,
kangen, Oh Jawaku oh Jawamu, Jawa kita kabeh.
Kepareng hambuka biwara saking Ngayoja, sinung kala
sapantha hasta brata awarna gunung suwung wang-wung,
pra sudi hamarapi kinaran redi Merapi, nun inggih ri
kalenggahan puniki jaya-jaya kondhang kaonang
nglangkungi selebriti, kalamangsa nembe gerah- sayah,
rimah-rimah lebda sesorah amarah, susah, lhaadalah!
boten kaduga boten kanyana menawi langkung saking
udakawis sedasa warsa kepengker sinaos rinaos
geter-gemeter suku kula tanpa klamit kumawantun midak
pucuking redi merapi, mrambat-mrambat kebat kliwat
anglelirwa jiwa, mbirat raos ajrih mring wilalating
bilahi, sayektosipun dede kurda nepak jaja,
ngoglengaken jangga umuk kemewat kuwating raga,
ananging hanamung nututi krenteging ati samenir nodhi
pepinginan sagiri, mersudi ngelmi alaming siwi
ndhedhepe aleming gati, ngupadi ayeming pribadi.
Dhaweg wak mami, menawi pikantuk, mugi pikantuka
ngelmi pepanthan hasta brata, megegeg anteng sugih
jeneng, datan menter katrajang bayu bajra, andhaplang
pindha Puncak Garuda, dereng!.
Namung sawetawis pamawas sowang-sowang endahing Merapi
kala semanten benten kaliyan swasana puniki.
Dinten niki, Merapi kaaniaya, geneya sedaya samya
anggege mangsa punapa murih saget lelumban surak mrata
hambata rubuh sinambi ningali kasangsaraning sesami?
sansaya tipis watesipun bencana kaliyan pahargyan,
Hamarapi, Merapi sansaya nyalawadi.
Nuwun,16।5।06. 10.30 wib (Kaserat sedasa dinten saderingipun kadadosan Lindhu ageng
ing Ngayogyakarta, 27 Mei 2006)
Share this article :