TENTANG SAYA

Istono Girimulyo (Ki Jogogati)
 
Salam.... 

Srumuwus ngrantos jawah dhawah sonten ing mangsa ketiga ngglanthang, klapa sansaya isi santen, sak sintena kasuwun mendha ing nala, supados boten lingsem menawi tuwuh bebanten. 

Kurawa mati ora rugi, pendhawa mukti ora methik bathi,ana kraman munggeng wuwungan becike baris pendhem nyimpang dalan, duwe mungsuh siji wis kakean, meneng anteng aja nggembol kreneng, tamtu bakal sugih jeneng. ee..jarene urip iku mung mampir ngombe, nanging genea uripku nglambrang lan tansah kebak panandhang?? 

Aku ngenteni padhang sumilaking tawang....
KGJ
Share this article :