Yu Cangik Wurung Dadi Anggota Dewan


Wis sepasar iki aku ora ketemu Yu Cangik, embuh mblayang nandi, kamangka biasane thungal-thungul, kemlithih dolan nyang omahku, luwih-luwih wingi-wingi wektu mangsa kampanye kae, esuk awan sore bengi telpon lan sms ora ana kendhate. Piye-piye wis dadi kanca, kadhangkala ora mentala, wis ngerti menawa aku kaliyan Yu Cangik beda partai, nanging kanthi majune Yu Cangik dadi caleg, aku pancen kudu melu cawe-cawe. Paribasane tega larane ora tega patine, apa maneh Yu Cangik iku jejere wanita kang amung karibetan ing nyamping kagubet ing rikma, mula menawa aku ora asung pambiyantu mesthi wae akeh sing banjur nyalahake aku. Aku dhewe tiba ewuh aya, kepara malah ana pitenah menawa aku tumindak lelemeran “selingkuh politik” kanthi kampanye kanggo partai liya, ora selak genderaku lawas sing wis suwe tak belani pancen uga mbutuhake tenagaku. Aku mung kudu wasis andum wektu, andum gawe, kareben kabeh lumaku lan ora katon saru,

Bali marang crita ilange Yu Cangik, mendahneya kulawargane banget trenyuh lan prihatin, karana KPUD wis netepake sapa-sapa kang kepilih lan wenang nglenggahi kursi Dewan Perwakilan Rakyat Daerah. Entuk-entukane swara pemilih “by name” sing milih Yu Cangik, menawa digunggungsungsun durung nyukupi Bilangan Pembagi Pemilih (BPP) ing Daerah Pemilihan (Dapel) wilayahe Yu Cangik. Menawa dirasa pancen nggrantes, lan cures, wis direwangi keraya-raya ngentekake bandha, tembe mburine mung ngundhuh wirang, ninggal utang lan tuwuh samsara.

Jan-jane wingi-wingi aku ya wis ngelingake, menawa luwih becik Yu Cangik ngurungake anggone nyaleg, nanging sajake krentege ora bisa dipenggak, jarene kanggo neter kadigdayan jajag-jajag ngelmu, nglanggati pra pendukunge. Ana saweneh nom-noman sing saguh dadi cucuk lampah, utawa team sukses lan saguh mlaku golek swara pemilih. Nom-noman iki sing terus ngobong atine Yu Cangik lan kulawargane kanthi aweh palapuran saka lapangan menawa pendukunge Yu Cangik wis kompak lan sansaya akeh. Mesthi wae Yu Cangik banjur kebrongot lan cal-cul, nyah-nyoh ora owol ngucurake redana lan beya. Mbuh saka ngendi olehe redana lan beya mau, kepara apa sing bisa cepet dadi dhuwit banjur dilintirake mlebu gadhen. Wola-wali aku paring pemut supaya metune redana dikendhaleni, katimbang-timbang bobot gedhene kalayan kahanan, nanging Yu Cangik mbok menawa kadhung kadunungan rasa isin, gengsi menawa ora bisa nandhingi kampanyene caleg liya.

Tiba wektu etung-etungan swara jebul njeblug tenan, swara kang milih Yu Cangik mung sethithik, iku ateges ora jumbuh, glethek pethele Yu Cangik kapusan!. Plak kapidara njungkel ing bantala, nangis angraris ngiris ati, tumetesing waspa anjala niti mili satiti siji-siji. Yu Cangik rumangsa lara lan ora trima geneya kaya mangkono piwales sing ditampa. Kanggoku prastawa iki ora nggumunake, donyane politik pancen kaya ngono kuwi, sapa lena bakal cilaka, karana politik mung kebak wong sing licik, silih undhih golek menang kanthi cara apa wae. Wektu-wektu iki wis ora ana unggah-ungguh, suba-sita lan ngregani liyan, kanggo nggayuh kamukten wong tegel mrejaya mungsuhe kanthi wengis, kepara kanca bisa dadi mungsuh, mungsuh bisa dadi kanca.

Menawa dionceki pancen tatacara/system pemilu caleg iki banget ora adil, Pemilu caleg wektu iki mung duweke wong sing sugih bandha, ora ngladeni wong karep lan pinter nanging mlarat. Mula mundhak kedawa-dawa tak pupus crita bab Yu Cangik. Kareben Yu Cangik ngilang lan sesidheman sawetara wektu, Yu Cangik pengin gugat mring Hyang Manon njumenengi ratri, angrasuk weninge ati amrih caket mring Gusti. Mung kanthi cara mangkono bisa meper kanepson lan tata-tata kanggo ngadhepi ombaking urip kang luwih nggegirisi ing tembe wuri.
Share this article :