ROSO URIP

Urip iku rasa, rasa iku urip, urip tanpa rasa iku reca.
wira wiri ora rumangsa wirang karana wus ilang rasane
den samudana ora krasa, direrepa ora rumangsa, disendhu ora digugu, dipenggak nyangkal tenggak, digatra sansaya ndadra
Atine tan tanggap, esmune sepi ing sasmita, meguguk mangutha waton, mbondhan tanpa ratu
watake pekok tan kena ginepok alok, sikepe mbedhug boten kinukup ing gludhug..
KGJ
Share this article :