MAYANG


Mayang Wewayangan

Wis sawetara wektu  iki awakku kecemplung ing kedhung sing satemene dudu papan padusanku. Sakawit pancen aku mung kepingin raup, ambasuh regeting praupan, nanging jebul anan swara sing mrawasa aku, menawa aku kudu nyemplung kedhung mau. Kebacut klebus, kenangapa ora adus sisan, kebacut nyemplung kena ngapa ora kungkum sisan. 

Senajan rasa atis rumasuk ing otot bebayu, nelesi mrembes jroning balung lan sungsum  nanging sejatine iku atis kang agawe seger sumyah, bisa ngilangake lungrah lan sayah.  Saupama aku duwe wektu kang dawa mesthi aku banjur lelumban, ciblon, nglangi, slulup, nyilem utawa ngambang mbathang mekangkang kaya yuyu kangkang. Nanging wektuku pancen ora suwe, kejaba iku aku kudu eling menawa kedhung iki dudu padusanku sing sak mesthine. 
KJG
Kayangan, 28 Mei 2010.
Share this article :