Suluk Plencung

Goro-goro tanpa jejer punakawan wus dumadi ing nagri tanpa tuwan. Lindhu gedhe makaping-kaping esuk, sore, awan lan ing tengahing wengi gugah-gugah urip, uriping manungsa. Elik-elik ing talingan ati murih aririh padha elinga mring Sang Hyang Maha Kawasa. Ujare wara tapa donya iki wis sansaya tuwa, isen-isene weweg kebak memala suker. Mula lumrah manawa bumi obah njaluk banyu suci minangka pangruwating sukerta.

Ora susah was sumelang, dawane urip kena diwilang, abange getih iku nyilih, nyawa sadrema gadhuhan, palungguhan lan rejeki iku potangan, sing utama taberi ngibadah aja nganti belang-belang.

Mugya sesuk isih ana srengenge, supaya aku isih semengka nyaur pundhat utangku marang Gustiku. Ayo ayo aja endha, aja semaya,aja cidra apa maneh sulaya. Etung-etungan ing tembe wuri iku ora wola-wali nanging pesthi lan permati. Sapa lena bakal kapralaya, ilang kapracondhang dadi awu lan intiping nraka, ora ana kang bisa suwala
Share this article :