Suwe ora Jamu, Jamu Ora Suwe

Suwe ora Jamu, Jamu Ora Suwe
Pancen sing jenenge jamu, luwih-luwih jamu jawa wis kondhang rasane ora enak, pahit, pedhes, getir campur adhuk,  kepara njuwarehi lan gawe gebres-gebres, menawa ora kewawa banjur mlukok, malah gawe wutah isen-isening weteng. Nanging yen di udhari mupangate, jeneng jamu pancen duwe tujuwan gawe seger, lan kanggo ngunggahake kasarasan utawa mbalekake awak lungrah lan badan sing sayah. Bab loro mau pancen beda-beda wiradate, nalika ngunjuk,  jamu rasane ora enak, nanging sawise ngrasaake mupangate banjur rumangsa marem lan kepenak. 
Iki kaya lelakon ing wektu-wektu iki kang dak lakoni, ibarate aku iki agi diweleg jamu, gelem-ra gelem jamu iki kudu tak ombe, muga-muga wae iki bener-bener jamu dudu jenu kang mbilaheni. Iya, pancen mung kudu tak dhadhaki, kenangapa aku kudu ngadhepi prastawa kaya ngene, kenangapa aku kudu ana ing undherane perkara iki,  sajake Gusti Hyang Murbeng Manon wus paring pepanci,  pancen iki bageyanku, dadi ya kudu tak trima kanthi sumarah. 
12 Januari 2010 ing nGGirli, lan wektu-wektu sabanjure, akeh lelakon kang banget ngedab-edabi, siji siji wis bisa tak rampungi, jebule ing ngarep kana isih akeh lan bakal sansaya akeh, lelakon lan pakaryan kang kudu dak adhepi. Ora luwung aku mung lothung, akeh kanca kang asung pambiyantu, iki dadi nggedhekake atiku, luwih-luwih ana tangan kukuh kang tansah nganthi lakuku, ana payung agung kang tansah ngeyubi lan mbentengi awakku, Dhuh Gusti Yesus...maturnuwun : kula madhep mantep, estu ndherek dhawuh paduka...

 Kijogogati, 23/2/2010
Share this article :