Alam-alaman lampahing kampuh gesang, sanajan kesandhung kesrimpet karibetan ing panjanging warastra saha rikma, kagubet ing butheking wiriddonga, sumangga samya oncek-oncek tegesing gesangS. aweneh tiyang kagungan pamanggih bilih gesang punka hanamung sadremi nglampahi, dados saget dipun lampahi kanthi ngeli, nrimah ing pandum saha tansah pasrah sumarah dhumateng Ingkang Paring Gesang. Saperangan tiyang gadhah panganggep bilih gesang punika namung “mampir ngombe”, pramila dipun tegesi bilih gesang punika kedah temen, gemi-satiti ngati-ati, weweg isi saha ngemu wos ingkang wigati, karana gesang dipun tegesi namung cumpen kalawancinipun, samangke taksih kedah nglajengaken gesang tumuju griya sejati. Saweneh tiyang malih paring wedharan bilih gesang punika amanah, ngibadah saha manembah, ingkang werdinipun gesang sawau srumuwus wenang tembung, wening srawung, jumeneg anteng meneng murih kasinungan saha dunung.
Eling lan waspada ing pratingkah saha solah bawa, mujudaken oncek-oncekan sanes, ingkang anglari anglaru angluru bilih gesang punika ing pundi wacana, langkung-langkung ing papan andrawina kedah saget mapanaken raga saha jiwa kanthi arih ririh satata, wedaling kandha sampun ngantos karaos supata ingkang mawa wisa, nanging kados dene mangsi ingkang tumetes ing dlancang seta amrebawa pindha sabda pandhita ratu ingkang pratitis kebak japa mantra tebih ing suwala, warataa kangge rahayuning sadaya.
Wekdal puniki, samangke saha wanci ing wuri, tiyang gesang saget kasinungan ngelmu beja menawi sampun lumebet ing undhak-undhakaning alam-alaman gesang ingkang wijang, katiti saking mawarni-warni prekawis ingkang anggraris wisiking nalar budi, sukma saha nala. Lebet cethekipun kedhung gesang saget dipun tjajagi kanthi mardika pangkat-pangkat gumantung kasantayan saha kasantosaning laku batos piyambak-piyambak Sindhunata mrawasa gesang kathi petang ngelmu beja, mekaten :
Kuncung ireng pancal putih,
Swarga durung weruh,
Neraka durung wanuh,
Mung donya sing aku weruh,
Uripku aja nganti duwe mungsuh.
Swarga durung weruh,
Neraka durung wanuh,
Mung donya sing aku weruh,
Uripku aja nganti duwe mungsuh.
Ribang bumi ribang nyawa,
Ana beja ana cilaka,
Ana urip ana mati,
Precil mijet wohing ranti,
Seneng mesti susah,
Susah mesti seneng,
Aja seneng nek duwe,
Aja susah nek ora duwe.
Senenge saklentheng susahe sarendheng,
Susah jebule seneng,
Seneng jebule susah,
Sugih durung karuan seneng,
Ora duwe durung karuan susah,
Susah seneng ora bisa disawang,
Bisane mung dirasakake dhewe.
Kapiran kapirun sapi ora nuntun,
Urip aja mung nenuwun,
Yen sapimu masuk angin tambanana,
Jamune ulekan lombok,
Bawang uyah lan kecap,
Wetenge wedhakana parutan jahe,
Urip kudu nyambut gawe.
Pipi ngempong bokong,
Iki dhapur sampurnaning wong,
Yen ngelak ngombea,
Yen ngelih mangana,
Yen kesel ngasoa,
Yen ngantuk turua.
Pipi padha pipi,
Bokong padha bokong,
Pipi dudu bokong,
Onde-onde jemblem bakwan,
Urip iku pindha wong njajan,
Kabeh ora bisa dipangan,
Miliha sing bisa kepangan,
Mula elinga dhandhanggulane jajan.
Pipis kopyor sanggupira lunga ngaji,
Le ngaji nyang be jadah,
Gedang goreng iku rewange,
Kepethuk si alu-alu,
Nunggang dangglem nyengkelit lopis,
Utusane tuwan jenang,
Arso mbedhah ing mendhut,
Rame nggennya bandayudha,
Silih ungkih tan ana ngalah sawiji,
Patinira kecucuran.
Ki Daruna Ni Daruni,
Wis ya, aku bali menyang Giri,
Aku iki Kyai Petruk ratuning Merapi,
Lho ratu kok kadi pak tani?,
Sanggar Pamarta Jawa, 14 Juni 2009.